Skip Navigation
The Endowment for Human Development
The Endowment for Human Development
Improving lifelong health one pregnancy at a time.
Donate Now Get Free Videos

Multilingual Illustrated DVD [Tutorial]

The Biology of Prenatal Development




PERKEMBANGAN NANG NJERO RAHIM SAK DURUNGE KELAHIRAN

.Basa Jawa [Javanese]


National Geographic Society This program is distributed in the U.S. and Canada by National Geographic and EHD. [learn more]

Choose Language:
Download English PDF  Download Spanish PDF  Download French PDF  What is PDF?
 

The Fetal Period (8 Weeks through Birth)

Chapter 37   9 Weeks: Swallows, Sighs, and Stretches

Tahape fetal mulai nganti wektune babaran.

Pas umur 9 minggu, si jabang bayi mulai ngemut jempole lan si jabang bayi utawa fetus kuwi mulai iso ngelek cairan amniotik.

Fetus kuwi yo mulai iso nggegem, lan nggerakake sirahe nang ngarep lang nang mburi, buka lan nutup rahange, nggerakake ilate, lan napas.

Saraf nang bagian raup, bagian telapak tangan, lan bagian telapak kaki mulai ngerasake cahaya.

"Nanggepi cahaya sing nyentuh telapak kaki," si fetus nekuk pinggang lan dengkule lan driji-driji sikile.

Kelopak matane nutup.

Nang bagian laring, muncul Otot - otot suara sing nandakake berkembange jalur dinggo suara.

Nang fetus jenis kelamin wadon, bagian uterus iso didelok lan sel-sel kembang biak sing dijenengake oogonia, berkembang-biak nang njero ovari.

Bagian kelamin mulai munculake tondo perbedaan antarane jenis kelamin lanang karo wadon.

Chapter 38   10 Weeks: Rolls Eyes and Yawns, Fingernails & Fingerprints

Perkembangan sing cepet pas umur 9 lan 10 minggu kuwi nambahi bobote awak si fetus nganti luwih soko 75%.

Pas umur 10 minggu, perkembangan nang bagian nduwur kelopak mata ngakibatke bunderane mata nggeser mudhun.

Si fetus mulai mbuka lan nutup bagian cangkeme.

Fetus - fetus umume ngemut jempol tengene.

Bagian - bagiane intestin sing ono nang jalur umbilikal mbalik papane nang bagiane weteng sing kosong

Nang bagian - bagian tulang, osifikasi mulai muncul.

Kuku - kuku nang driji tangan lan sikil mulai berkembang.

Sidik jari mulai muncul 10 minggu sakwise pembuahan mulai. Sidik jari iki sifate beda-beda lan dadi tondo sak umur uripe manungsa .

Chapter 39   11 Weeks: Absorbs Glucose and Water

Kiro-kiro pas umur 11 minggu bagian irung lan lambe wis kebentuk kabeh. Podho karo kedaden nang bagian-bagian awak liyane irung lan lambe kuwi terus berkembang nurut karo umure si manungsa kuwi.

Bagian intestin mulai nyerep glukosa lan banyu sing terus dielek karo si fetus.

Jenis kelamin kuwi sakjane wis ditentukake pas pembuahan, mung pas umur iki alat kelamin iso dibedakake antarane lanang karo wadon.

Chapter 40   3 to 4 Months (12 to 16 Weeks): Taste Buds, Jaw Motion, Rooting Reflex, Quickening

Antarane 11 minggu lan 12 minggu, bobote si fetus nambah kiro-kiro 60%.

Umur 12 minggu kuwi nandakake sepertelune, utawa triwulan pertamane jamane si ibu bobotan.

Nang bagian njero cangkem mulai muncul rasa khusus.
Pas si bayi lahir, rasa khusus kuwi tinggal ono nang bagian ilat lan bagian nduwur njero cangkem.

Gerakan nekuk awak mulai muncul pas umur 12 minggu terus nekuk kiro-kiro nganti 6 minggu.

Banyu pertama sing dibuang karo si fetus lan si jabang bayi kuwi dijenengake mekonium. Sing isine yaiku enzim - enzim pencernaan, protein lan sel-sel sing mati, sing dibuang karo sistem pencernaan.

Pas umur 12 minggu, bagian nduwur awak berkembang dadi ukuran awake manungsa. Bagian ngisor berkembang luwih alon nanti ukurane dadi ukurane manungsa.

Pas umur iki, mung bagian geger karo nduwur sirah sing ora nanggepi sentuhane cahaya sing ngenani awak.

Pas umur iku perkembangan mulai beda antarane jenis kelamin lanang lan wadon. Misale, fetus wadon nggerakake rahange luwih sering soko fetus lanang.

Menawa nang gambar sakdurunge iki tanggepane awak bedo sentuhan nang cedhak mulut ngakibatake gerakan mengarep lan bagian cangkem mbukak. Tanggepan iki dijenengake "refleksi ruting" lan gunane pas si bayi wis lahir, mbantu si bayi nemokake putting susu si ibu pas si ibu menyusui.

Bagian raup terus berkembang soale lemak-lemak terus ngisi bagian pipi lan bagian untu yo berkembang.

Pas umur 15 minggu, sel -sel sing mbentuk getih mulai muncul lan berkembang nang bagian tulang utama. Sel-sel darah biasane dibentuk nang bagian iki.

Embrio kuwi mulai gerak pas umur 6 minggu, mung si ibu ngrasakake gerakan kuwi pas umur antarane 14 lan 18 minggu. Biasane tahap iki disebut tahap nyepetake.

Chapter 41   4 to 5 Months (16 to 20 Weeks): Stress Response, Vernix Caseosa, Circadian Rhythms

Pas umure 16 minggu, pemeriksaan sing carane yaiku nglebokake jarum nang bagian weteng papane si fetus ngakibatake tanggepan sing sifate hormonal ngetokake noradrenalin, utawa norepinefrin, nang njerone aliran darah. Tanggepan kuwi podho-podho kedaden nang bayi lan manungsa dewasa pas ono suntikan.

Nang sistem pernafasan, jaringan bronkial mulai dadi lengkap.

Muncul bahan warnane putih, sing dijenengake verniks kaseosa, sing saiki nutupi bagian fetus. Verniks kuwi fungsine dadi kulit sing nglindungi si fetus saka iritasi akibat cairan amniotik.

Saka umur 19 minggu si fetus mulai napas teratur lan jantunge mulai ono detak teratur saben dinone sing dijenengake ritme sirkadian.

Chapter 42   5 to 6 Months (20 to 24 Weeks): Responds to Sound; Hair and Skin; Age of Viability

Pas umur 20 minggu bagian koslea sing fungsine dinggo parungon, ukurane dadi ukuran manungsa dewasa lan bagian jerone wis berkembang lengkap. Mulai umur iki, si fetus mulai nanggepi macem - macem suara.

Rambut mulai muncul nang sirahe si fetus.

Kabeh lapisan kulit lan bagian awak wis ono, termasuk bagian folikel rambut lan glandula.

Pas umur 21 nganti 22 minggu sakwise pembuahan, paru-paru mulai duwe kemampuan bernafas. Iki dijenengake umur kemampuan urip jalaran kemampuan si bayi wis iso dinggo urip nang njobo wetenge si ibu. Hasil perkembangane ilmu kedokteran iso nulung njogo uripe si jabang bayi sing lahir sak durunge wayahe.

Chapter 43   6 to 7 Months (24 to 28 Weeks): Blink-Startle; Pupils Respond to Light; Smell and Taste

Pas umur 24 minggu kelopak mata mbukak lan si fetus mulai iso ngedipake mata. Tanggepan nang suara - suara sing ngagetake lan banter muncul luwih dhisik nang bayi wadon ketimbang bayi lanang.

Mung wae hasil penelitiane dokter nyebutake menawa suara-suara banter kuwi iso ngrusak kesehatan si fetus. Conto akibate yaiku detak jantunge dadi luwih cepet, si fetus ngelek banyu luwih akeh, lan tingkahe dadi berubah. Tambah suwe biso dadi si fetus kelangan kemampuan pangrungonane.

Detak jantung si fetus iso terus munggah dadi ping 44 tarik napas - keluar napas tiap menite.

Pas catur wulan ketelu jaman bobotan kuwi, otake si bayi berkembang cepet lan mbutuhake 50% saka tenaga sing dibutuhake kanggo uripe si fetus. Berate otak mulai nambah antara 400 nganti 500 %.

Pas umur 26 minggu bagian mata mulai ngasilake banyu.

Bagian mata kuwi mulai nanggepi cahaya pas umur 27 minggu. Tanggepan kuwi fungsine ngatur jumlah cahaya sing iso nyampe nang retina sak uripe si manungsa kuwi.

Bagian - bagian sing dibutuhake kanggo ngambu - ngambu yo mulai muncul. Penelitian nang bayi-bayi prematur nunjukake nek bayi-bayi kuwi wis iso ngambu pas umur 26 minggu pas tahap pembuahan.

Menawa nang cairan amniotik kuwi diwenehi rasa legi si fetus ngelek cairan luwih akeh. Kebalikane, si fetus ngelek luwih sithik menawa cairane diwenehi rasa pait. Tanggepan rasa legi pait kuwi yo kethok nang raupe si bayi.

Si fetus nggerakake sikil kaya-kaya sikile mlaku dinggo nggulingake awake.

Tekukan nang awake si bayi tambah suwe tambah kurang jalaran lemak-lemak terus ngisi bagian ngisor kulite si bayi. Lemak kuwi yo duwe fungsi penting njogo suhu awak lan nyimpen tenaga sakwise si bayi lahir.

Chapter 44   7 to 8 Months (28 to 32 Weeks): Sound Discrimination, Behavioral States

Pas umur 28 minggu si bayi wis mulai iso mbedakake suara banter karo suara alus.

Pas umur 30 minggu, nafase si jabang bayi mulai teratur kiro - kiro 30 nganti 40% wektune nang rata-ratane bayi.

Pas 4 wulan terakhir tahap bobotan, si fetus nunjukake anane wektu-wektu sing aktif diselingi karo wektu-wektu istirahat. Prilaku kuwi nunjukake makin rumite perkembangane sistem saraf utamane si bayi.

Chapter 45   8 to 9 Months (32 to 36 Weeks): Alveoli Formation, Firm Grasp, Taste Preferences

Kiro-kiro 32 minggu bagian alveoli, utawa sel-sel "kantong" udara, mulai berkembang nang paru-paru. Bagian-bagian iki terus berkembang nganti umure si anak 8 tahun.

Pas umur 35 minggu si fetus mulai duwe pegangan tangan sing kuat.

Kebiaasane si fetus ngelek bahan-bahan tertentu nentukake kecenderungane milih rasa tertentu sakwise lahir. Misale, fetus-fetus sing ibune mangan anis, yaiku bahan sing ana rasa likorit, nunjukake kecenderungan mangan anis sak wise lahir. Biasane bayi lahir sing ora tau nerima anis ora seneng anis.

Chapter 46   9 Months to Birth (36 Weeks through Birth)

Si fetus mulai dilahirake carane yaiku ngethokake hormon estrogen lan mulai ganti proses saka fetus dadi bayi anyar.

Babarane si bayi dimulai karo tekanan kontraksi nang uterus, sing ngakibatake si bayi metu.

Kesimpulane saka pembuahan nganti kelahiran sak teruse, Perkembangane manungsa kuwi dinamik, terus-menerus lan rumit. Penemuan-penemuan anyar masalah proses iki nunjukake arti pentinge perkembangan si fetus kanggo uripe sak wise lahir.

Podho karo pengetahuane awake dhewe masalah perkembangan awal manungsa kemampuane awake dhewe yo terus berkembang dinggo njaga kesehatan - sak durunge lan sak wise kelahiran.


Add a Comment

Your Name: Log In 3rd-party login: Facebook     Google     Yahoo

Comment: