Skip Navigation
The Endowment for Human Development
The Endowment for Human Development
Improving lifelong health one pregnancy at a time.
Donate Now Get Free Videos

Multilingual Illustrated DVD [Tutorial]

The Biology of Prenatal Development




PERKEMBANGAN NANG NJERO RAHIM SAK DURUNGE KELAHIRAN

.Basa Jawa [Javanese]


National Geographic Society This program is distributed in the U.S. and Canada by National Geographic and EHD. [learn more]

Choose Language:
Download English PDF  Download Spanish PDF  Download French PDF  What is PDF?
 

Embryonic Development: 6 to 8 Weeks

Chapter 20   6 Weeks: Motion and Sensation

Pas umur 6 minggu bagain bunderan otak berkembang luwih cepet soko bagian-bagian otak liyane.

Bagian embrio mulai nglakokake gerakan - gerakan sing sifate spontan lan tanggapan. Gerakan kuwi penting kanggo ngembangake fungsi saraf otak.

Pas ono sentuhan nang bagian mulute si embrio tanggapane embrio yaiku narik bagian sirahe.

Chapter 21   The External Ear and Blood Cell Formation

Bagian kuping mulai terbentuk.

Kiro-kiro pas umur 6 minggu, bagian sel darah mulai terbentuk nang bagian liver terus muncul limposit nang sel darah kuwi. Limfosit kuwi sel darah putih sing duwe fungsi kunci ngembangake kekebalane awake manungsa.

Chapter 22   The Diaphragm and Intestines

Bagian diafragma, yaiku otot utama sing fungsine dinggo bernafas, muncul kiro-kiro pas umur 6 minggu.

Bagian intestin muncul Sementara nang njobo nempel karo jalur umbilikal. Proses iki disebut proses herniasi psikologi, sing nyediake ruangan kosong kanggo perkembangan organ nang weteng.

Chapter 23   Hand Plates and Brainwaves

Pas umur 6 minggu telapak tangan bentuke dadi datar.

Gelombang-gelombang nang otak mulai muncul pas umur 6 minggu lan 2 dino.

Chapter 24   Nipple Formation

Puting susu mulai muncul nang sisi-sisine awak sing akhire mapan nang bagian ngarep soko bagian dada.

Chapter 25   Limb Development

Pas umur 6 1/2 minggu bagian siku mulai muncul, terus muncul bagian-bagian drijine tangan terus gerakane tangan mulai muncul.

Proses terbentuke tulang dijenengake osifikasi, sing dimulai soko klavikel, utawa tulang leher, terus mbentuk tulang - tulang rahang bagian nduwur lan ngisor.

Chapter 26   7 Weeks: Hiccups and Startle Response

Kiro-kiro umur 7 minggu ono tahap sing ora ono perkembangan.

Terus gerakane sikil mulai muncul, karo gerakan tanggapan pas kaget.

Chapter 27   The Maturing Heart

Bagian jantung sing jerone ono 4 kamar mulai lengkap. Rata - rata detak jantung pas umur iki yaiku ping 167 per menit.

Aliran listrik nang jantung mulai muncul pas umur 7 1/2 minggu sing sifat gelombange podho karo aliran nang awake manungsa dewasa.

Chapter 28   Ovaries and Eyes

Nang jabang bayi wadon, bagian ovari mulai muncul pas umur 7 minggu.

Kiro-kiro umur 7 1/2 minggu warnane mata mulai muncul terus kelopak mata perkembangane mulai cepet.

Chapter 29   Fingers and Toes

Drijine tangan mulai terpisah siji-siji terus drijine-drijine sikil isih podho nyambung nang bagian dasar

Saiki bagian tangan iso muncul bareng, karo bagian sikil.

Bagian dengkul yo mulai muncul.


Add a Comment

Your Name: Log In 3rd-party login: Facebook     Google     Yahoo

Comment: