Skip Navigation
The Endowment for Human Development
The Endowment for Human Development
Improving lifelong health one pregnancy at a time.
Donate Now Get Free Videos

Multilingual Illustrated DVD [Tutorial]

The Biology of Prenatal Development




PERKEMBANGAN NANG NJERO RAHIM SAK DURUNGE KELAHIRAN

.Basa Jawa [Javanese]


National Geographic Society This program is distributed in the U.S. and Canada by National Geographic and EHD. [learn more]

Choose Language:
Download English PDF  Download Spanish PDF  Download French PDF  What is PDF?
 

The 8-Week Embryo

Chapter 30   8 Weeks: Brain Development

Pas umur 8 minggu iki bagian otak mulai berkembang lan berate kiro-kiro setengahe berat totale si embrio.

Perkembangan awake embrio dadi luwih cepet.

Chapter 31   Right- and Left-Handedness

Pas umur 8 minggu, 3/4 soko embrio nunjukake dominasi tangan tengen. Sisane setengahe nunjukake dominasine tangan kiwo lan Setengahe ora ono dominasi. Iki tanda awal sifate si bayi pas lahir nganggo tangan tengen utawa kiwo.

Chapter 32   Rolling Over

Menurut buku ilmu masalah bayi kemampuan "nggulingake awak" mulai muncul pas si bayi umure antara 10 nganti 20 minggu. Namung sak jane kemampuan iki mulai isi didelok pas nang kondisi gaya tarik rendah nang njero kantong amniotik sing kebak cairan. Mung nek ono masalah kurang tenaga nang kondisi gaya tarik sing luwih dhuwur nang njobo uterus, si bayi kangelan nggulingake awak.

Awake embrio sifate dadi luwih aktif pas umur iki.

Gerakan - gerakane biso dadi alon utawa cepet, ping siji udawa ping akeh, sifate spontan utawa tanggepan.

Gerakane sirah, gulu, lan gerakan soko tangan nang raup mulai sering muncul.

Pas kena sentuhan si embrio nutup kelopak matane, nggerakake rahange, tangane, lan driji-driji sikile.

Chapter 33   Eyelid Fusion

Antarane 7 nganti 8 minggu, kelopak mata bagian ndhuwur lan ngisor berkembang cepet nutupi mata lan sebagian nggabung dadi siji.

Chapter 34   "Breathing" Motion and Urination

Nang njero uterus kuwi ora ono udara, nanging embrio iso njupuk nafas sethithik - sethithik.

Pas umur kuwi, bagian ginjal ngasilake urin utawa air kencing sing dibuang lewat banyu amniotik.

Nang embrio sing jenis kelamine lanang, muncul bagian testis sing mulai ngasilake testosteron.

Chapter 35   The Limbs and Skin

Bagian tulang, otot, saraf lan bagian - bagian pembuluh darah berkembang dari podoho karo nang awake manungsa dewasa.

Pas umur 8 minggu bagian epidermis, utawa bagian kulit njaba, berkembang dadi lapisan- lapisan bungkus sing tambah suwe tambah ora transparan maneh.

Alis muncul bareng karo muncule rambut nang sekitar mulut.

Chapter 36   Summary of the First 8 Weeks

Sakwise wolung minggu perkembangan embrio rampung.

Pas umur iki, embrio manungsa kuwi wis berkembang soko sel tunggal dadi kiro-kiro sel sing jumlahe 1 milyar sing mbentuk luwih soko 4000 bagian awak sing beda-beda.

Bagian -bagian embrio kuwi saiki wis duwe kurang luwih 90% soko awake manungsa dewasa.


Add a Comment

Your Name: Log In 3rd-party login: Facebook     Google     Yahoo

Comment: