Skip Navigation
The Endowment for Human Development
The Endowment for Human Development
Improving lifelong health one pregnancy at a time.
Donate Now Get Free Videos

Multilingual Illustrated DVD [Tutorial]

The Biology of Prenatal Development




PERKEMBANGAN NANG NJERO RAHIM SAK DURUNGE KELAHIRAN

.Basa Jawa [Javanese]


National Geographic Society This program is distributed in the U.S. and Canada by National Geographic and EHD. [learn more]

Choose Language:
Download English PDF  Download Spanish PDF  Download French PDF  What is PDF?
 

Chapter 1   Introduction

Proses dinamik ing sel tunggal menungso yaiku zigot sel neng awake manungsa kuwi biso dadi jumlahe 100 triliun kedaden paling nggumunake nang alam dunyo iki.

Para ilmuwan padha ngerti menawa bagian-bagian sing biasane kudu ono nang awake manungsa iku dibentuk nang njero rahime ibu-ibu pas lagi meteng sak durunge babaran.

Kuwi wektu sing dibutuhake sak durunge kelahiran sing difahami dadi wektu persiapan kanggo mbentuk awake manungsa dadi bagian-bagian sing dilatih menurut gunane dhewe-dhewe, sing dibutuhake dinggo uripe si bayi sakwise kelahiran.

Chapter 2   Terminology

Wektu metenge manungsa kuwi biasane 38 minggu diitung soko jaman sing disebut wektu pembuahan, utawa wektu konsepsi, nganti wayahe babaran.

8 minggu sak wise pembuahan, cikal-bakale manungsa kuwi dijenengake embrio, sing artine "berkembang nang njero". Tahap iki, sing sebutane yaiku tahap embrio, tanda utamane ya kuwi dibentuke bagian-bagian pokok soko awake manungsa.

Mulai umur meteng 8 minggu nganti wektune babaran, "cikal-bakale manungsa nang tahap iki disebut fetus," sing artine "bayi sing durung lahir." Tahap dibentuke fetus kuwi disebut tahap fetal, nang tahap fetal iki awake bayi dadi gede lan mulai ono fungsine.

Kabeh tahap sing disebut tahap embrio lan tahap fetal nang film iki maksude yaiku tahap sak wise pembuahan.

The Embryonic Period (The First 8 Weeks)

Embryonic Development: The First 4 Weeks

Chapter 3   Fertilization

Menurut ilmu tentang awake manungsa, "cikal-bakale manungsa kuwi dibentuk ing tahap pembuahan," yaiku jamane wong wadon karo wong lanang masing-masing ngenehi bagian soko awak sing disebut kromosom sing jumlahe 23 sing diwenehake lewat proses sing disebut gabungan sel-sel reproduktif.

Sel reproduktif soko wong wadon biasane disebut "endhog" tapi istilah ilmuwane sing bener ya kuwi oosit.

Sel reproduktif soko wong lanang biasane disebut "sperma" tapi istilah imuwane kuwi spermatozoon.

Iki proses oosit dietokake soko bagian awake wong wadon sing disebut ovari proses kuwi dijenengake ovulasi, oosit nggabung karo spermatozoon nang njero salah sijine tabung sing disebut uterin, sing biasane uga dijenengake tabung Falopia.

Tabung uterin kuwi nyambung karo ovarine wong wadon terus nyambung nang uterus utawa rahim.

Hasile yaiku embrio sing jumlah sele mung siji yaiku zigot, zigot kuwi artine "dadi siji"

Chapter 4   DNA, Cell Division, and Early Pregnancy Factor (EPF)

Dadi nang zigot kuwi ono 46 kromosom iki cikal-bakal pertamane manungsa sing dilengkapi karo sifate-sifate nenek moyang. Cikal-bakal sing lengkap iki ono nang jero bagian molekul sing disebut DNA (de-en-a). Sing isine yaiku petunjuk- petunjuk dinggo perkembangan kabeh bagian awake manungsa.

Molekul-molekul DNA kuwi rupane kaya undak-undakan sing kejlimet sing disebut dobel helik. Nang tiap bagian undakan kuwi ono sak pasang molekul, utawa bagian-bagian dasar, sing disebut guanine, sitosin, adenine, lan timin.

Guanin kuwi pasangane sitosin, adenin pasangane timin. Nang tiap sel manungsa kuwi biasane ono 3 milyar pasangan bagian-bagian dasar kuwi.

Nang DNA soko siji sel kuwi ono akeh banget informasi sing umpama dicetak dadi huruf cetakan, mung ndaftar huruf depan soko tiap bagian dasar wae butuh siji setengah juta halaman kertas!

Umpama diurutake soko pucuk nang pucuk, DNA nang siji sel wae dawane kaya telu lan sepertelu sikil utawa sak meter.

Umpama awake dhewe iso mbukak kabeh DNA sing ono nang njero sel manungsa sing jumlahe 100 triliun kuwi dawane iso dadi 63 milyar mil. Kuwi podho karo jarak soko bumi iki nang matahari terus balik nang bumi ping 340.

Kiro-kiro 24 nganti 30 jam soko tahap pembuahan, zigot ngrampungake pembentukan sel nomor sijine. Lewat proses sing disebut mitosis, siji (1) sel dibagi dadi loro (2), loro dadi papat (4) lan sak teruse.

Mulai soko 24 nganti 48 jam tahap pembuahan dimulai, dadi meteng utawa orane wong wadon kuwi iso dicek lewat hormon iki disebut "faktor awal meteng" sing ono nang getihe si ibu.

Chapter 5   Early Stages (Morula and Blastocyst) and Stem Cells

Sekitar 3 nganti 4 dino sak wise pembuahan, sel-sel bagian soko embrio bentuke lonjong embrio kuwi terus disebut morula.

Sakwise 4 nganti 5 dino, muncul bolongan nang jero lonjongan sel embrio kuwi terus disebut blastosit.

Sel-sel nang jero blastosit kuwi dijenengake kumpulane sel-sel njero sing dadi cikal-bakale bagian endas, awak lan bagian-bagian liyane sing penting banget kanggo mbentuk manungsa.

Sel-sel nang kumpulane sel-sel njero kuwi dijenengake bibit sel embrio sebabe sel-sel kuwi biso mbentuk salah siji soko luwih 200 macem sel sing ono nang awake manungsa.

Chapter 6   1 to 1½ Weeks: Implantation and Human Chorionic Gonadotropin (hCG)

Sakwise medhun lewat tabung uterin embrio awal kuwi nempelake awake nang bagian njero soko temboke rahim. Proses kuwi, sing disebut implantasi, mulai soko 6 dino nganti 10 utawa 12 dino sakwise pembuahan.

Sel-sel soko embrio sing berkembang kuwi mulai mbentuk hormon sing dijenengake gonadotropin korionik human, disingkat HCG, yaiku zat sing biasane iso dicek lewat tes-tes kehamilan.

HCG kuwi nentukake hormon-hormon keibuan sing ngendekake metune darah haid, supoyo kehamilan iso jalan terus.

Chapter 7   The Placenta and Umbilical Cord

Sakwise implantasi, sel-sel nang pinggire blastosit mbentuk bagian sing disebut plasenta, sing fungsine ya kuwi misahake antarane sistem sirkulasi si ibu karo si embrio.

Plasenta kuwi ngirimake oksigen, gizi, hormon, lan obat-obatan soko ibu nang jabang bayine; mbuang zat-zat sing ora perlu; lan nyegah supoyo getihe ibu ora kecampur karo getihe embrio lan jabang bayi.

Plasenta kuwi yo ngasilake hormon lan jogo suhune embrio lan awake jabang bayi dadi luwih anget saka suhune si ibu.

Hubungane antara plasenta karo jabang bayi kuwi yaiku lewat jalur-jalur nang tali umbilical.

Kemampuane plasenta ndukung kehidupane jabang bayi iso dipadhananke karo bagian rawat intensif nang rumah sakit modern.

Chapter 8   Nutrition and Protection

Kiro-kiro seminggu, sel-sel bagian sel-sel njero mbentuk loro lapisan sing disebut hipoblas lan epiblas.

Hipoblas iki mbentuk kantong pangan, sing dadi salah sijine dalan kanggo si ibu nyalurake gizi nang embrio sing lagi mbentuk.

Sel-sel nang bagian epiblas mbentuk membran utawa bungkus sing disebut amnion, sing nang jero isine embrio, lan fetus berkembang nganti wektune babaran.

Chapter 9   2 to 4 Weeks: Germ Layers and Organ Formation

Kiro-kiro 2 1/2 minggu epiblas mbentuk 3 bagian tisu khusus utawa lapisan-lapisan germ (asal), sing disebut ectoderm, endoderm, lan mesoderm.

Ektoderm mbentuk macem-macem bagian termasuk bagian otak, jalur spinal, saraf, kulit, kuku, lan rambut.

Endoderm mbentuk sistem pernafasan lan pencernaan, lan bagian - bagian sing utama liyane soko organ tubuh manusia misale bagian liver lan pankreas.

Mesoderm mbentuk jantung, ginjal, tulang - tulang, kartilage, otot-otot, sel-sel darah, lan bagian - bagian liyane.

Kiro-kiro 3 minggu bagian otak dibagi dadi 3 bagian utama sing disebut otak ngarep, otak tengah, lan otak mburi.

Sistem pernafasan lan pencernaan uga padha-padha berkembang.

Awale yaiku sel-sel darah muncul nang kantong pangan, terus saluran - saluran darah dibentuk nang bagian embrio, terus bagian jantung muncul.

Sakwise kuwi, jantung sing perkembangane cepet kuwi melipat-lipat bagiane dadi bagian - bagian terpisah sing mulai muncul.

Bagian jantung mulai berdetak mulai 3 minggu lan sedino soko tahap pembuahan.

Sistem sirkulasi kuwi dadi sistem pertama, utawa kelompok organ - organ sing berhubungan, kanggo mbentuk kondisi sing iso berfungsi.

Chapter 10   3 to 4 Weeks: The Folding of the Embryo

Antarane 3 nganti 4 minggu, bentuk awake manungsa mulai muncul, karo bagian otak, jalur spinal, lan bagian jantung nang embrio sing iso dingerteni sepanjang bagian kantong pangan.

Akibat perkembangan sing cepet kuwi muncul lipatan - lipatan nang bagian embrio sing bentuke datar kuwi. Proses iki mbentuk bagian kantong pangan dadi jalur sistem pencernaan lan mbentuk bagian dada lan bagian-bagian weteng sing kosong nang awake manungsa sing lagi berkembang.

Embryonic Development: 4 to 6 Weeks

Chapter 11   4 Weeks: Amniotic Fluid

Kiro - kiro 4 minggu bagian amnion sing jernih kuwi sekelilinge embrio nang kantong sing isine cairan. Cairan sing bersih kuwi, dijenengake cairan amniotik, sing fungsine yaiku nglindungi embrio soko luka-luka.

Chapter 12   The Heart in Action

Jantung biasane berdetak kiro-kiro ping 113 tiap menit

Saiki bagian jantung berubah warnane wektu darah mlebu-metu soko kamar-kamar jantung menurut detake.

Jantung berdetak kiro-kiro ping 54 juta sak durunge si jabang bayi lahir lan luwih soko ping 3,2 milyar sak jamane wong urip sing umure kiro-kiro 80 taun.

Chapter 13   Brain Growth

Perkembangane otak sing cepet kuwi iso didelok soko bagian otak ngarep, otak tengah, lan otak mburi.

Chapter 14   Limb Buds

Bagian nduwur lan ngisor soko awite manungsa mulai berkembang sak wayahe terbentuke bagian- bagian kiro-kiro umur 4 minggu

Pas bagian kuwi bentuke kulit jernih alias transparan sebabe mung ono sak sel sing tipis bagiane.

Sak wayahe bagian kulit dadi tebel bagian kuwi ora transparan maneh, sing artine awake dhewe iso ndelok bagian jero manungsa mung nganti umur sewulan.


Add a Comment

Your Name: Log In 3rd-party login: Facebook     Google     Yahoo

Comment: